Rabu, 15 Mei 2019

Kabar Hoax

Hoax...
Sapa sing ora ngerti apa kuwi hoax?
Kabar palsu kang diarang wong kuwi isa mecah pikirane wong
Kenapa bisa kaya mengkana
Merga kabar kuwi patrah digawe ngelek-elek
Rasane malih wedi menawa kabare begal-begal
Kena clurit kena parang kena linggis
Biyuhh ora bisa aku macane
Nanging saiki ora papa
Aku wis ngerti iku kabar hoax
Hoax patrah garai wedi tenan
Muga-muga kabar elek-elek kae hoax kabeh


Putri Krisdianti
Rombel 2
2601416037

Buku

Buku kuwi ilmu...
Nanging aku isih ora paham
kenapa ngapa aku ora seneng maca buku
kenapa aku ora seneng bukak buku

Aku bingung... apa gara-gara hp iki?
Sing wis nyita wektuku saben dinane iki
Aku jajal maca buku maneh
Menawa isa balik seneng maca
Nanging kok ya tetep wae...
Halahh kepiye carane aku bisa seneng maca maneh...
Wangsulana aku...


Putri Krisdianti
Rombel 2
2601416037

Katresnanku Marang Awakmu

Sunare wis isin-isinan
Kena tangan kang kecekel rapet tanganmu
Anget... Kaya ngene iki rasane
Rasa anget ning ati

Esemmu kang nunjukake sabar lan pangerten
Kuwi wis dadi siji karo tresnamu
Bingah ora isa dakdelekne
Mung bisa mandheng sliramu lan mangsuli

"Aku tresna marang sliramu".


Putri Krisdianti
Rombel 2
2601416037

Kesenenganku

Basa Jawa...
Pelajaran kang angel nanging nyenengake
Kok isa nyenengake?
Merga aksara sing daktulis wis akeh banget
Iya! Aku wis isa nulis aksara
Saben coretan kang daktulis kuwi
Wis kaya isine atiku
Ora bisa aku bosen
Ora gelem aku leren
Nulis aksara kuwi saiki wis dadi kesenenganku


Putri Krisdianti
Rombel 2
2601416037

Minggu, 12 Mei 2019

Tresnaku

Unnes...
Kampusku kang daktresnani
Tresnaku sing takbaturi solah lakuku
Mangkat ora telat, kuliah uga tenanan
Mugi - mugi bisa dadi upayaku nresnani Kampusku

Ora ngeluh sapisan-pisana
Amarga aku weruh, tresnaku bakal dadi History uripku
Lulus petang taun kuwi ganjarane
Penak wis gari tresna wae
Tanggungane ora sepenak kuwi, Le!
Kudu manut sing dikarepne dosen - dosen ning kana

Wis tatag ae!
Penting yakin lan legawa nresnani
Mengko, bakal ana wektune dewe

Putri Krisdianti
Rombel 2
2601416037

Kampus Konservasi

Kampusku kampus konservasi.
Konservasi ae aku bingung...
Apa maneh Konservasi Budaya!
Apa kuwi??

Mumet jan ra eram rekk.
Apa maksude nek kaya mengkono iku?
Oalah lahhh.... Aku mudeng saiki!
Kampus kang nganut Konservasi iya ta?
Hahaha... Bodo tenan menawa ora weruh.
Padahal maenge jane aku ya ora weruh

Isin rek.. Isin!!
Wis telung taun kuliyah, nanging ora weruh apa - apa!
Ngapunten, Nes.. ehh!
Aja ngomong merk wis...
Bahaya tenan!


Putri Krisdianti
Rombel 2
2601416037


Semarang Kebanjiran

Udan deres grujug sakabehane
Mak Byoorr...
Sekaran Banjir !!
Dhuwur gunung ae banjir, la ngisor kaya apa!

Ora let suwe, ana kabar saka kanca - kancaku.
Simpang Lima klelep banyu!
Jan nemen udane...
Akeh motor sing ora bisa liwat
Mobil uga, mandheg ning sak enggon - enggon.
Ya dina kuwi...
Aku weruh Gunungpati, Semarang banjir gedhe.
Isaku mung ngelus dada.

Muga - muga, ora suwi udane!
Merga ngesakne sing ana ing daerah ngisor.
Ngesakne tenan, Gusti.


Putri Krisdianti
Rombel 2
2601416037

Kabar Hoax

Hoax... Sapa sing ora ngerti apa kuwi hoax? Kabar palsu kang diarang wong kuwi isa mecah pikirane wong Kenapa bisa kaya mengkana Merga k...